Blogroll

Jumat, 10 Februari 2017

MAS JAED SING PUTUS ASA [NGAPAK]


Suatu hari Mas Jaed bin Pak Sodrun bin Mbah Kluntung melakukan pekerjaaan memecah batu yang lumayan besar. Ping pisan Mas Jaed mukulaken alate meng watu sing gede kue mau. Doar. Ping pisan urung pecah. Ping pindo ya urung pecah. Ping telune ya esih ora pecah-pecah. Ping papat, lima, enem, nyampe satus esih ora bae. Alias ora pecah-pecah watune.
Mbarang wis ping satus, Mas Jaed wis mandan putus asa. Dadi leren njagong disiit karo nglinting mbako besukine. Agi enak-enake nyedot lintingane, tapi ya tetep lemes awake Masalahe tes ngantemna alat gede meng watu gede, ora pecah-pecah. Icir-icir ana wong tua teka. Kira-kira umure ya 70 tahun lah. Sebut bae jenenge Kaki darkum.
Kaki Darkum ndelengna Mas Jaed sing ketone koh kesel temen. Kaki Darkum takon meng Mas Jaed,” koe nangapa? Deneng ketone lemes temen? Mas Jaed njawab,” kiyee koh, mbandem watu, tapi ora pecah-pecah, dadi lemes banget enyong”.
Mbarang Kaki Darkum krungu jawabane Mas Jaed, Kaki Darkum langsung njekel alat sing nggo mecah mau. Kaki Darkum njajal melu mecahna watu. Doarrr. Ping pisan esih wutuh watune. Doarrr. Ping pindo ya urung pecah. Doarrrr. Kaping telune pecah watune. Ihhh. Deneng sangar temen Kaki Darkum kiyeee.
Mas Jaed kaget tur gumun. Deneng Kaki Darkum sing tuwa kaya kae bisa mecahna watu mung telung anteman tok. Mas Jaed takon,” deneng rika sakti temen kii? Aku ket mau wis ping satus ngantemi watu kue ya ora pecah-pecah, deneng rika bisa mung ping telu tok tapi bisa pecah? Sakti rika kiii yakin”.
Kaki Darkum njawab,” enyong kue ora sakti cahh. Watu kiyee pancen nembe bisa pecah nek diantem ping satus telu, dadi nek koe mau nambahi ping telu maning, watu kiyee ya bakal pecah cahh”.
Dadi pancen hikmahe aja gampang nyerah jarene. Akeh wong mandek usaha, padahal wis dela maning maning sukses. Ya kue mau kaya Mas Jaed, mandek usaha ngantemi mecah watu nang angka satus, padahal ping telu maning sukses. Kaya kueee lah.
______________


Diutak-ituk sekang ceramahe Profesor Doktor Keyai Haji Said Aqil Siroj Em A

Indirijal Lutofa

0 komentar

Posting Komentar